Copyright © Workland!
Design by Dzignine

Pidato / Sesorah

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah saha Bapak/Ibu guru SMP N 1 Wates minangka pangayomaning kawula dasih ingkang tuhu wicaksana. Sagung para kanca ingkang kula tresnani.
Minangka umat ingkang ngrasukagami, sumangga kita dherekaken hamanengku puja saha muji sukur dhumateng Gusti Pangeran Ingkang Maha Agung awit Panjenenganipun taksih kepareng paring nugraha nikmat dhumateng kita sedaya. Saweneh saking nikmat kasebat inggih menika kita taksih keparingan yuswa panjang lan kebagaswarasan saengga kita saged kempal manunggal wonten ing SMP N 1 Wates menika.
Kita ugi pantes ngaturaken puji sukur dhumateng Smp N 1 Wates menika ingkang sampun mlebet Rintisan Sekolah Berstandar Internasional utawi RSBI. Nanging siswa-siswa SMP kita menika kedisiplinanipun taksih dereng sae.
Pramila,kangge para kanca sedaya,kita supados disiplin.
Pangandikanipun Nabi supados kita tumindak disiplin inggih menika
“disiplin menika penting sanget kangge umat muslim”,tegesipun disiplin saking kalimat menika yaiku disiplin beribadah,disiplin waktu,lan sapanunggalane.
Minangka putra bangsa ingkang sae mangga sami-sami kita nindakaken disiplin menika kanthi lampah satrep supados wonten ing donya kita sehat jasmani lan rohani.
Kepareng kula mendhet paribahasanipun saking bahasa jawa bilih “disiplin kunci saking kasuksesan”.
Pramila kangge mungkasi atur sesorah menika, kula ngajak dhateng sedaya kadang mudha mangga tansah jaga kebersihan lingkungan sekolah kangge nggayuh gebang mulya wonten donya ugi wonten ing akhirat.
Pungkasaning atur, kupat kecempung santen sedaya lepat nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.